You must have JavaScript enabled in order to use this theme. Please enable JavaScript and then reload this page in order to continue.
Loading...
Logo Kalurahan HARGOREJO
Kalurahan HARGOREJO

Kap. KOKAP, Kab. KULON PROGO, Provinsi DI Yogyakarta

PEMERINTAH KALURAHAN HARGOREJO

Latarku Rejekiku

Administrator 21 Maret 2021 Dibaca 429 Kali
Latarku Rejekiku

Hargorejo. Apa tau sampeyan mbayangke. Nek kebonan sek ana nang kiwo tengen omahe dhewe kebak tanduran kluban. Opo sampeyan malah wis migunake wektu pandemi iki kanggo babagan positif contone gawe kebon sayur (klubanan) ana ing kiwo tengen omah. Koyo sek tak lakoni.

Jenengku Eri, wis saka 5 tahun kepungkur aku melu Kelompok Wanita Tani. Arane KWT Melati kang manggon ana ing Padukuhan Gunung Rego, Kalurahan Hargorejo. Melu anggota Kelompok Wanita Tani utawa KWT ndadekne aku tambah akeh pengalaman. Sakliyane isa silaturahmi amor kanca, aku uga isa ngerti babagan tetanem lan ngolah hasile. Sebut wae gawe Kripik Bothe, Manggleng, Gula Kristal, Wedang Secang, Pati Garut, Pati Ganyong, lan Wedang uwuh.  Kabeh panganan lan omben-omben iku, sakliyane hasil olahan tanganku ugo hasil kerjo bareng anggota liyane kang nyawiji ana ing kelompok.

Nang babagan tetanem aku sak kelompok gawe lahan kanggo nandur sayuran utawa kluban. Ojo salah tampa, Aku sak liane nandur nang kiwo tengen ngomah. Aku sak konco ugo gae lahan nang latar Balai Padukuhan. Lemahe cukup ombo. Nanging  kabeh ugo ora gampang koyo sek tak bayangke. Mergo latar Balai Padukuhan ora iso nggo nandur sayuran. Ananging atiku mantep nalika ana salah sawijining anggota ngajak tukeran lahan garapan.

Latar Balai Padukuhan ditanduri telo, aku sak konco migunake latar lan kebonan anggota liya kanggo nandur sayuran. Sayuran kang ditandur kayata :  kacang dowo, lombok, terong, lan tomat. Saiki wis mangsane panen. Saben rong ndino pisan aku lan kabeh kancaku panen hasil kebon iku. Sak perangan isa kanggo butuhe pawon, sak perangan meneh isa tak dol kanggo kebutuhan liyane lan ugo ngisi kas kelompok. Tanduran mangsa iki, antarane kacang dowo aku sak kanca alhamdulillah isa panen 90 kilo. Dene lombok  Gusti Alloh menehi 50 kg. Dadi naliko uwong-uwong padha ribut rego lombok larang, aku sak konco rodo isa mesem sitik. Ora tuku Lombok, hehe

Mangsa Pandemi dudu wektu kang  banget nggegirisi. Yen awake dewe isa migunake wektu kanthi prasaja bener syair lagune  Koes Plus kae. “bukan lautan hanya kolam susu. Kail dan jala cukup menghidupimu, tiada badai tiada topan kau temui. Ikan dan  udang menghampiri dirimu. Orang tanah kita surga tongkat kayu dan batu jadi tanaman”. Kanthi duweni wektu akeh nang omah. Awak dhewe isa ngenei wektu kanggo keluarga. Dolanan bareng anak, ngladeni bojo lan tetep produktif kanthi ngurusi kebon kanggo kebutuhan sedinane. Ora akeh, nanging cukup kanggone uwong-uwong kang kebak rasa syukur (Insya Allah). Kanyata wis 5 tahun iki aku arang tuku kluban menyang warung. Kepara malah isa ngenei kluban kancane, lan ngentengke kebutuhan pawon kang ora sethitik regane. Mugo-mugo critaku iki bisa kanggo motivasi kanca liyane. Ayo, Pandemi iki enggal dirampungi. Jaga warase pikir lan awak. Kanthi tetep sinembah marang Gusti, ora ana dalan kang ora ana pucuke. 5M kaya sek digembor-gemborke  Pemerintah uga kudu tansah diugemi.

Sumber : Eriyati

Penulis : Kemiyati Wirono

Editor : Nura’eni

Beri Komentar
Komentar baru terbit setelah disetujui oleh admin
CAPTCHA Image