Jaman aku cilik, aku seneng dolanan nang kebon telo pendhem cerak omahku. Nang kono ugo iseh akeh wit witan bongso mahoni, jati, sonokeling lan sak piturute. Nang kono, aku lan kancaku dolanan masak-masakan utowo dodol-dodolan.
Nalika jaman biyen durung akeh jajan werno-werno koyo jaman saiki ( tur aku yo anake wong ora due, hehe). Yen kepingin mangan cemilan aku biasane golek woh wohan nang sekitar kebon. Ono woh rukem, woh mandingan, ugo woh jati sing wis tuo tur coklat rupane sing wes tibo ono ing lemah. Rasane woh jati enak koyoto rasane kacang. Sing dipangan dudu njobone woh sing atos, ananging digepuk nganggo watu ngasi ketok njerone sing warna putih rodo klawu.
Wektu cilik aku penasaran jenenge woh jati iku opo?. Nang sekolahan Ibu Guru ngendiko yen ing ndalem Basa Jawa kabeh woh wohan ono jenenge. Ananging aku dirung tau krungu jenenge woh jati iku opo. Banjur aku takon karo mbakyuku. Mbakyuku ngomong yen jenenge woh jati iku Opo. Aku tambah bingung. Aku takon malah mbakyuku genten takon. Aku takon meneh karo mbakyuku. Jawabane podho yen jenenge woh jati iku Opo. Sak wise kesel takon ananging jawabane iseh podho wae, akhire aku mutung ora tau takon meneh.
Soyo gedhe aku mulai paham yen sing dimaksud mbakyuku yaiku jenenge woh jati Opo.Senajan saperangan e wong ngarani Janggleng nanging nang sakiwa tengenku diarani Opo.
Nanging tekan saiki aku hurung ngerti opo woh jati iku ono manfaate kanggo kesehatan? Sing penting awake dhewe saiki kudu njogo urip kanthi bagas waras kasarasan, toto tentrem adhem ayem. (Afa)