You must have JavaScript enabled in order to use this theme. Please enable JavaScript and then reload this page in order to continue.
Loading...
Logo Kalurahan HARGOREJO
Kalurahan HARGOREJO

Kap. KOKAP, Kab. KULON PROGO, Provinsi DI Yogyakarta

PEMERINTAH KALURAHAN HARGOREJO

Pitutur Lagu Dolanan

Administrator 21 Maret 2021 Dibaca 911 Kali
Pitutur Lagu Dolanan

Hargorejo. Akeh babagan anyar kang muncul ana ing era pandemi iki. Wektu 1 tahun kepungkur nalika bocah sekolah durung nglakoni sek arane BDR (Belajar di Rumah) Lagu iki isa dirungokne nang kelas-kelas. Ananging saka kreatif lan antepe Guru Paud njaga karakter e bocah-bocah didikane. Lagu iki isa dirungoke nang omahe dewe-dewe. Naliko dolanan, arep turu, utawa pas geguyon karo simbah, wong tua, lan kanca.

Gundhul gundhul pacul cul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Lagu dolanan bocah kang judule “Gundhul-gundhul pacul” iki kanyata ngemu piturur kang ora asor. Lagu daerah kang kenthel karo budhaya Jawa. Ya Budhayane awake dhewe.  Aku (penulis) nate pratekake marang sawijing Guru Paud ing tlatah Padukuhan Sambeng yaiku Ibu Woro Dwi Susanti Putri Vembriana. Utawa biasa disebut Bu Putri.  Nalika anak didike ditugasi nembang lagu Gundhul-Gundhul pacul nang omah karo wong tuane.

“Wong Jawa kudu isa Jawa. Senajan kui  tembang dolanan ananging akeh pitutur lan piwulang kang apik kanggone bocah” ngendikane bu Putri. Urip nang jaman milenial ora terus awake dhewe ninggalke apa  meneh lali karo warisan kabudayane dewe. Salah sijine ya tembang Gundhul-Gundhul Pacul iku.

Ibu Putri, uga njelaske kanthi gamblang. Tembang gundhul-gundhul pacul ngemu arti menowo dadi pemimpin utawa menungso kui tanpa apa-apa. (mahkota). Sek artine sederhana. Pemimpin kang amung gawa  pacul kanggo nyejahterakna rakyate. Pacul "papat kang ucul". Yaiku kemuliaane manungsa kang gumantung soko 4 perkara kang digunakake. Yaiku netro (mata), grono (irung), kuping, dan tutuk (bibir/mulut). Sek kabeh mau kudu digunakake kanggo kabecikan. Menowo manungsa/pemimpin ora isa migunake kanthi apik isa gawe sombong (conggak) pribadi/pemimpin/manungsa iku dewe. Sek akhire “Wakul Ngglimpang Segane Dadi Sak Latar” (sia-sia dan tidak bermanfaat bagi kesejahteraan orang banyak atau orang lain)

Nara Sumber : Woro Dwi Susanti Putri Vembriana.

Penulis : Kemiyati Wirono

Editor : Nura’eni

Beri Komentar
Komentar baru terbit setelah disetujui oleh admin
CAPTCHA Image