Jaman aku cilik mbiyen, pas durung ono hape opo meneh tv isih langka. Aku lan kanca-kancaku mulih sekolah maem trus ngarit.Bar ngarit rampung sambi nunggu sore aku lan kanca-kancaku podo ngumpul nang lapangan sambi dolanan.
Salah sijine dolanan gobag sodor, dolanan tradisional sik tak senengi.
Cara main e yo gampang kiro" butuh bocah 6 kanggo dolanan gobag sodor,3 bocah jogo sik 3 main,
Bocah 3 sik kejatah main kudu iso mlebu garis lawan tanpo kesenggol,mlebu metu garis lawan tanpo kedemek bakal e menang.
Dolanan iku bien asik banget. Aku iso guyonan karo kanca-kanca nganthi le bali kesoren. Nalika tekan magrib aku durung bali mesti digoleki bapakku. Nalika digoleki aku lan kanca-kancaku langsung padha bubar amarga diseneni marang bapak.
Dolanan gobag sodor aku dadi kelingan jaman saiki pas lagi rame-rame ne ono virus corona.cara main e virus corona podo gobag sodor,kudu jaga jarak,ura uleh ke demek opo meneh ke senggol Supoyo ura kalah kudu jaga jarak 1 meter, ura ke demek opo meneh ke senggol sopo sik keno bakal kalah.(Ret)